Minggu, 27 September 2015

WERDI UBARAMPENING PANINGSET




Lamaran punika hanggadhahi makna inggih haningseti rembug ingkang sampun gumolong tumraping para ingkang sami bebesanan saha badhe palakrama.
Paningset dumadi saking 3 warni inggih punika: paningset, abon-abon, sarta pangiringipun
A.     Paningset
1.       Setagen : punika pasemon bebakalaning sandhang, inggih pangajab mugi kacekapana ing kabetahaning sandhang sarta kiyata nandhang saliring lelampahan
2.      Sindur :  kain awarni abrit lan pethak, abrit minangka lambanging wanita, dene pethak lambanging priya. Pasemonipun, manunggaling priya lan wanita sageda hambabar wiji/turun ingkang sarwa utama




Add caption
3.      Sesupe seser lus tanpa mata pralambang gathukke tanpa wates, mboten wonten malih raos tidha-tidha ingkang badhe palakrama, punika werdhi saking cincin
4.      kemben inggih punika tameng teleng tedhaning bayi, pralambang Bakune penganggen pawestri, pawestri kedah saget njaga subasitaning pangganggen
5.      Sinjang truntum Gambaran gumebyaring lintang ing wayah dalu, ngadhahi pasemon gesang punika mboten uwal saking kalih kahanan ,Mugi tansah pinaring pepadhang ing satengahing pepeteng lan mugi tansah saged dados pepadhang ing tengahing bebrayan agung
B.      Abon-abon
1.       Jeruk gulung pasemon gumolonging gegayuhan, tegesipun sampun boten wonten malih raos mangu angenipun badhe jejodhohan
2.      Sekul golong hanggadhahi makna gumolonging manah hanggayuh gegayuhan luhur memangun balewisma ing bebrayan agung
3.      Tebu wulung, minangka pasemon bebakalaning memanis. Ing pangajab mugi hantuka memanise gesang ing bebrayan hamangun balewisma
4.      Pisang ayu, suruh ayu
Pisang raja punika minangka pepenget bilih gesang ing alam bebrayan punika sampun ngantos hanggadhahi sipat kumawasa
Jantung keteging manungsa gesang ngayuh dhateng kawruh kasampurnan
Suruh ayu punika hanggadahi makna najan beda lumah an kurebe  yen ginigit pada rasane, manunggaling raos ing antawisipun priya lan wanita
C.      Pangiring paningset
Wujudipun wulu pamedaling siti kabetahaning tiyang gadhah damel, sarta barang kabetahaning pawestri utawi kabetahaning mbangun balewisma, punika minangka pratandha minangka tanggel jawabipun priya dhateng wanita

Tidak ada komentar:

Posting Komentar