Jumat, 13 November 2009

MACA EKSTENSIF

Maca Ekstensif lan Intensif nduweni penekanan kang beda sananjan dilaksanankake ing njero ati
  1. Maca Intensif luwih mentingake kualitas, utawa intensitas pemahaman kang jero,dadi ganti ngerti sak njlimet-njlimete.
  2. Maca ekstensif yaiku maca kanthi jembar. Tegese maca sak akeh-akehing wacanan utawa gancaran kanthi wektu kang singkat. Mac iki luwih mentingake kuantitas, mula aktivitas maca iki ora ka iket dening disiplin kawruh kang dipilih
Maca ekstensif bisa dilaksanakake kanthi cara:
  • Nggoleki topik kang padha saka maneka media cetak kang ana
  • Ngumpulake artikel kang nduwenis kang padha
  • Maca sekilas irah-irahan artikel kang padha iku
  • Maca paragrap kapisan lan pungkasan ( biasane paragrap iku njlentrehake gagasan panulis)
  • Nliti kanthi sekilas pituduh-pituduh liyane babagan bab kang wigati

Selasa, 06 Oktober 2009

Subasitaning Telepon

Manungsa yaiku makhluk sosial, tumindak kang penting yaiku nindakake tumindak sosial, yaiku sawijining panggonan kanggo ijol-ijolan pengalaman, padha njlentrehake lan nampa pikiran, padha njlentrehake rasa pangrasa, utawa padha nuduhake sarta nyetujoni sawijine panemu utawa keyakinan.Mula saka iku sajrone tindakan sosial kudu ana perangan-perangan kang umum.
Kanggo ngubungake antarane anggota masyarakat iku dibutuhake komunikasi. akeh banget cara komunikasi, bisa lumantar lesan utawa tulis. Lumantar tulis isa arupa layang, e-mail, FB, Blog, sms lansapanunggale. Lumantar lesan bisa awujud rembugan, wawan rembug, uga micara ing telepon.
Zaman saiki telepon dadi barang kang lumrah lan dinduweni kabeh pawongan, nangging ojo dilalekake tatakrama sakjrone nelpon utamane nalika nelpon marang wong kang kinurmatan kaya bapak ibu neng ndalem, bapak ibu guru, utawa rikala nampa telepon saka wong liya. Tata carane wong nilpun kang becik antarane yaiku:
  • ngucapake salam
  • takon apa bener nomer kang kokhubungi kewi mau ora kleru
  • blaka arep rembugan karo sapa
  • nyethakake kebutuhane anggone nelpun
  • rembugan kang prasaja wae, sakcukupe
  • nutup rembug kanthi basa kang becik, bisa dipungkasi nganggo salam maneh
Tata carane wong nampa telpon
  • njawab salam
  • njawab kanthi alus, cetha, lan nganggo basa kang kepenak
  • menawa kang digoleki ora ana coba ditakoki titip pesen opa ora
  • menawa pas sibuk ngomon menawa saguh nelpon balik
  • pawiyatan basa jawi
  • SMA Negeri 1 Surakarta

Jumat, 02 Oktober 2009

PAWARTA

Pawarta minangka prastawa kang diwartakake. Pawarta iku bisa arupa lesan apadene tulisan. Lesan ateges pawarta iku bisa diwartakake dening wong liya kanggo pamiyarsa lumantar swara. Tulisan pawarta iku lumrahe kapacak ana ariwarti, kalawarti.
Perangan kang nemtokake bobot biji pawarta yaiku
1. Aktualitas
2. Sesambungan karo papan kedadean
3. Sesambungan karo unsur-unsur kang ketut ing sakjrone kedadean
4. Sesambungan karo pagaweyan pamaca/ pamiyarsa
5. Ganepe Pawarta.
Saya akeh gunane pawarta kuwi tumrap pawongan, saya mundhak dhuwur biji pawarta kuwi tumrap dheweke.

Para siswa kang kulina ngrungokake pawarta basa jawa mesthine bisa tambah wawasan lan pangertene marang ukara basa jawa. Kang perlu digatekake nalika ngrungokake pawarta utawa informasi yaiku:
a. mangerteni kanthi cetha masalah kang disampekake
b. mbedakake informasi kang penting lan ora penting
c. nyathet informasi sing bener lan premathi
Sak bubare para siswa ngrungokake pawarta diajab para siswa bisa gawe simpulan saka pawarta kang disemak. kesimpulan yaiku rumusan cerkak saka loro utawa luwih pernyataan kang handuweni hubungan. Nyimpulake pawarta berarti nanggepi pernyataan-pernyataan ana ing pawarta. Nalika menehi tanggepan sampeyan bisa ngutarake setuju utawa ora setuju marang pawarta kang nembe dirungokake.
Bab-Bab kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan yaiku:
1. Tanggapan iku sak mestine disampekake mawa uraian kang cekak, padhat lan disusun kanthi apik.
2. Permasalaham utawa bab kang ditanggapi kudu cetha
3. Tembung-tembung lan ukara sing digunakake kudu gampang dingerteni utawa dipahami
4. Tanggapan iku kudu diwenehi alesan kang logis, bisa uga ditambahi fakta lan bukti-bukti kang relevan(nduweni Hubungan)
Nanggepi pawarta iku kudu evaluatif lan objektif. Evaluatif tegese menehi penilaian, objektif tegese pawarta kang ditampa kanthi apa anane.

katulis
kagem pawiyatan basa jawi
SMA Negeri 1 Surakarta

Sabtu, 15 Agustus 2009

Nyemak Wara-Wara

Sakwise nyinau wulangan iki diajab kowe nduweni kabisan utawa kompetensi paham apa isine pengumuman lan isa mbiwarakake utawa nggethok tularake marang sapa bae kang magepokan karo isine pengumuman.
  • Pengumuman/ wara-wara yaiku informasi ngenani sawijine bab kang perlu disumurupi dening wong akeh utawa umum
  • Wara-wara handuweni sifat kang blak-blakan, migunakake tembung kang gampang dingerteni utawa dipahami.
manut saka sipate wara-wara kaperang dadi:

1. wara-wara kang sipate resmi
wara-wara kang digawe kanthi resmi dening instansi, organisasi utawa perkumpulan.

ciri-cirine:
  • migunakake tembung-tembung kang baku
  • nganggo ukara kang nduweni teges opo anane
  • ukara sing digunakake ora ngaya wara
  • paugerane
  • kop surat
  • tembung "wara-wara" ditulis kanthi eksplisit
  • nomer wara-wara ditulis sakngisore tembung wara-wara
  • isine : pambuka, isi, lan panutup
  • titi mangsa
  • Asma terang lan tapak asta penanggung jawabe wara-wara
2. wara-wara semi resmi

digawe pakumpulan utawa oraganisasi kanthi resmi nagging ora manut paugerane wara-wara kang resmi

3. wara-wara ora resmi

digawe dening sakwijining uwong.

(pawiyatan basa jawa SMAN 1 Surakarta)

CRITA PENGALAMAN KANG LUCU

Nyritake pengalaman kuwi bakune sing diajak crita mudeng karo apa kang dicritake. menawa ceritane lucu melu nguyu menawa critane trenyuh yo melu sedih. Supaya mudengake crita kudu runtut lan mbabarake kedadean kanthi apa anane, tujuane wong liya kang ngrukokake bisa melu mbayangake kedadean kang wis kelakon ana ing critane mau.
Crita lucu isa kedadean saka nyekseni kedadean utawa angen-angen. lucu isa uga amarga gawe guyu utawa gawe gela. lucu amarga saka bodone, ketula-tula utawa tumindake kang ndadekake guyu.
  1. Manut teori superioritas-degradasi, wong rumangsa seneng lucu yen diunggulake nanging ora jumbuh karo kasunyatane
  2. Manut teori bisosiasi, tegese wong rumangsa lucu sakwise ngrumangsani ora gathuk antarane angen-angen karo kasunyatan
Nyritakake pengalaman kudu nduweni unsurr-unsur kaya
  • pengalaman apa kang bakal dicritake
  • wektu kedadean
  • papan panggonan kedadean pengalaman iku
  • wong-wong kang melu andil ana ing pengalaman
  • sebab-sebab pengalaman iku kedadean
  • kepriye pengalaman iku kedadean

(kanggo pawiyatan basa jawa SMA N 1 Surakarta)

Minggu, 09 Agustus 2009

saat memulai mengenal bahasa jawa

Saat saya masih kecil kakek senantiasa mendongeng tentang cerita raja-raja dan ksatria. Dongeng pengantar tidur ternyata mengantar saya pada mimpi mimpi indah tentang istanna, raja dan kehalusan tutur kata penghuninya. Hampir semua yang ada berbicara dengan tutur kata halus baik antar bangsawan atau hamba pada Raja. Bahasa hamba pada Raja bukan bahsa yang ia gunakan dengan teman sepermainan, kadang aku bertanya mengapa harus ada pembeda bahasa dari setiap tataran sosial? Lalu kakek berkata bahwa itu adalah sikap penghormatan bukan sebuah ketakutan atau pembeda strata sosial. Bahasa adalah suatu hal yang digunakan hanya oleh manusia yang berbudaya dan manusia adalah makhluk yang faham benar akan bagaimana menempatkan diri dalam kehidupan. Dulu saya tak mengerti tentang penjelasan kakek yang sangat sayang kepadaku, dan saat ini ketika jalan hidupku tertuju pada pembelajaran dan belajar bahasa Jawa saya baru paham bila bahasa Jawa bukanlah sekedar mempelajari bahasa verbal namun juga non verbal ketika tingkah laku dan tatakrama juga harus menyatu jadi satu