Minggu, 27 September 2015

Wedhatama pupuh kinanthi




Serat Wedhatama  yaiku serat kang ngemot ajaran kautaman ana limang pupuh tembang yaiku pangkur, sinom, pucung,  gambuh, kinanthi. Limang pupuh iku saka 100 pada tembang.
Saben pupuh ngrembug babagan kang intine piwulang supaya dadya wong kang becik
  • Mangka manungsa saya suwe bakal dadi dewasa, saksuwene isih eling marang Gusti, uga isa maca gambaran alam, (tandha-tandha alam) mangerteni menawa alam lan saisine kuwi ana amarga Gusti kang Murbeng Dumadi, (ora ana ing donya iki kang sia-sia) uga wedi marang Gusti ( ora tumindhak nalingsir saka agama) kuwi kabeh cara manungsa kanggo ngilangi sengsara ( tentreming ati)
  • Mula padha telaten nger, anakku. Ngolah lantiping ati ( ndadekake ati kang bisa ngrasake apa kang dumadi ing saidering urip) awan bengi tansaha dedonga,supaya tambah apik tumindhakmu uga caramu mikir, pupusen hawa nepsu (murka) saka atimu supaya sira bisa dadi manungsa kang luwih becik
  • 3.    Kang ndadekake watak becik, seneng marang sepi (ngadoh saka kesenengan donya) ora gampang lan kakehan sambat, menawa isa nglakoni ora butuh wektu kang suwe, akal lan ati kang becik bisa tumus ana rupa, tumindak ketata, pepinginan ala bisa ilang disimpen dening ati kang becik.
  • 4.    Waskita ( mangerteni kanthi temen) yaiku ngerti tegese urip, kanthi eling marang Gusti kang ndadekake awan uga bengi, kang karepe tansah becik ( Gusti mesti maringake kang paling apik), percaya menawa kabeh wes tumata ing sakabahe wektu.
  • 5.    Neng ati wae aja sembrana ( nduga kang ora becik), gatekna kanthi tenanan, bakal krasa apike , ora mung mikirke kepinginanmu, mula menawa kepinginanmu kasembadan, pupusen kepinginan liyane
  • 6.    Ilangana mangu ing atimu, padha mangertia kanthi cetha marang Gusti, kuwi dalan nuju kasampurnan, nyuda sithik mbaka sithik kepinginan donya, kudu dilatih nadyan rekasa, latihan kuwi kudu tanpa pamrih
  • 7.    Aja waton melu-melu (wong liya, tanpa duwe dhasar) yen mengkono bakal nemoni tanpa guna, tanpa hasil, tansah ribet lan rekasa. Mula padha ngati-ati, sakjrone urip sira nduweni rencana kang akeh, coba tontonen sambekala kang bakal ditemoni ( pahamilah resiko)
  • 8.    Saumpama wong mlaku, dalanan kang akeh bebaya mesti kudu diliwati, yen kurang ngati-ati bakal mandeg amarga ri, yen tiba apes bisa kesandung banjur tiba babak bundhas
  • 9.    Kaya mangkono iku kedadeyan kang lumrah, umpama ditambani tetep wae ana bekase, mula nduwenana ilmu kang akeh, kang bisa digunakake mikir sakdurunge lumaku, ilmu kang bisa digunakake kanggo kabecikan wong akeh ( berkarya bukan hanya bekerja) ilmu kui mengkone bakal ndadekake wulu pametu uga bandha donya
  • 10.  Nangging nger, aja nganti nduweni rasa gumedhe, tandhane nalika omongan ngaya wara ora nyata, rumangsa dadi kang paling pinter kamangka kaluwihane ora ana, ora nduweni ilmu kang temenan.
  • 11.  Ilmune mung neng ngon pocapan, pocapan bakal ilang, pocapane ora bisa dipercaya, yen dieleke banjur nesu, rumangsa pendhita kang paling suci, ora bisa diloke, aja kaya mengkono  nger..
  • 12.  Mangka kang diarani laku, lakune wong golek ilmu sejati ( kasampurnan urip) ora dahwen ( iri) ora ngagas babagan barang donya, ora panasten ( gampang panas atine) ora jail ( ngrugekake wong liya) ora tansah mikir kadonyan, enenge namung meneng tanpa pamrih.
  • 13.  Nanging nalar (budi) kang becik iku bisa rusak,  nangging yen dasare apik bakal dadi wong apik maneh, ilmu kang mbiyen diduweni ora bakal ilang, umpama ana kang nyulayani
  • 14.  Tur kang nyulayani kuwi ora imbang ilmune, amarga ilmune namung sithik, luwih becik ngalah wae, tetepa rukun, supaya ora nglarani wong liya , ora sah ngresula ora sah serik ( mengko bakal enthuk )
  • 15.  Kanugrahaning Gusti yaiku tansah yuwana ( slamet, santosa, ayem) sasuwene urip, amarga entuk berkah saking Gusti kang Maha Suci, yen tansah eling marang sing kuasa ora bakal keblinger ngantia suk tuwa
  • 16.  Kuwi wes pesti, tanpa idi sing kuasa ,( ora bakal isa ngayuh kang kaangkah) nger mula bisa mangerteni  manungsa kang ora apik,(Kuwi ana lan bisa njahati sliramu)  marga berkahing Gusti lair batin oleh katentreman, yaiku budi kang becik tur migunani
  • 17.  Dadi wong becik iku pantes dituladhani diturut, mlakune mung pamrih becike sakabehe, luwih ngutamake kamulyaning sesama, iku bakal ndadekake mulyane uripmu dewe. Mula elinga pitutur leluhur aja seneng keplek ( jajan)
  • 18.  Nangging umpama kepepet, saklumrahe wae, aja ninggal tuladha saka leluhur ,yen slira ora bisa meper hawa nafsu bakal rugi ing uripmu mula tenana nger ngendaleni hawa nafsu.
Dudutan
  • 1.    Wedi marang Gusti
  • 2.    Ngolah batin kanthi telaten
  • 3.    Pupusen hawa nepsu
  • 4.    Aja kakean sambat ( nduweni rasa syukur)
  • 5.    Tansah nduwe panduga kang becik
  • 6.    Ilangana mangu ing ati
  • 7.    Percaya kabeh sing diparingke Gusti iku kang paling apik
  • 8.    Aja waton melu-melu
  • 9.    Mangerteni tenan kang mbok lakoni lan kanthi temenan
  • 10.  Aja gumedhe ( bisaa rumangsa aja rumangsa bisa)
  • 11.  Aja nduweni rasa iri


2 komentar:

  1. Casino Near Bryson City, Bryson City, Bryson City
    Search for Casino 경기도 출장샵 Near Bryson City, Bryson 오산 출장안마 City, Bryson City, Bryson City, Bryson City, 구리 출장마사지 Bryson City, Bryson City, Bryson City, 경기도 출장마사지 Bryson 세종특별자치 출장마사지 City, Bryson City, Bryson City, Bryson City

    BalasHapus