Senin, 01 Desember 2014

URUT-URUTAN BADHE GADHAH DAMEL MANTU

1. KUMBOKARNAN Diwontenaken rikala pahargyan kirang 2 utawi 1 minggu, punika kagem nata acara, ngrantam paraga ugi mbagi tanggel jawab jejibahan ing pahargyan 2. Adang Sepisanan diwontenaken rikala pisanan rewangan saged 3, 2, 1 dinten sakderenge pahargyan, punika pralambang bilih sampun siyaga angenipun badhe paring suguh. Katidhakaken dening ibu saha rama, ibu mususi beras lajeng beras punika dipun kukus, nalika mususi lan ngukus bapak tumut biyantu, pralambang sedaya ingkang dipun angkah punika krenteg manah rama ibu kekalih 3. Pasang bleketepe Punika kepengaruh saking Kyai Tarub ingkang ngadani pasang bleketepe rikala badhe mantu. Diwontenaken 3, 2, 1 dinten sakderenge pahargyan
4.Siraman Punika tatacara ingkang ngemot werdi bilih badhe nindhake samubarang gawe, kedah dilandasi ati resik, ikhlas uga saras resik. Papan siraman iku papan kang sinengkeran(tempat yang tersembunyi) Lampah-lampah siraman • Langkahan A. Kairid rama ibu ing papan siraman B. Donga pamuji C. Rama mendhet toya purwitasari, saperlu kakentunaken dhateng badhe penganten priya D. Siraman diwiwiti bapa, ibu, sedherek ingkang dipun sepuhaken (gunggunge ganjil) E. Badhe penganten putri kagendong ingkang rama nuju papan sengkeran ( kamar) nindakaken tatacara methet rikma
5. Sadeyan dawet. 6. midodareni Atur PANINGSET Sowanipun badhe penganten kakung Tedhak kembar mayang 7. Tata cara nikah nurut agama  Akad nikah (ISLAM)  Pemberkatan Nikah ( NASRANI) 8. Pahargyan  Lampah-lampah acara pahargyan a. Penganten putri mijil b. Tatacara pasrah panampi c. PANGGIHING PANGANTEN d. Waosan donga pamuji e. TATACARA ADAT KROBONGAN f. Rawuhe besan g. Sungkeman h. Pambagyaharja i. Purnaning pahargyan