Minggu, 27 September 2015

Werdi panggih

Werdi panggih
BALANGAN GANTAL
Ò  SURUH dilinting dibot-boti jambe, MAKNANIPUN manunggaling raos antawis priya lan wanita.
Ò  JAMBE werdinipun jodho sanajan kasigar tetep sami warninipun
Ò  LAWE mengku makna bebakalaning sandhang ing pangajab mugi tansah kasinungan ing kasusilan
                    Gondang tutur
Ò  Diasta manten priya
Ò  Dibalangaken tumuju jajanipun manten putri
Ò  Maknanipun asihipun ingkang kakung dhateng estri
 Gondang asih
Ò  Diasta manten priya
Ò  Dibalangaken tumuju jajanipun manten putri
Ò  Maknanipun asihipun ingkang kakung dhateng estri
Ò  Pangih menika pasemon dhumawahing sangat namung sakeclapan lan mboten saget diwangsuli malih
      2. Midak tigan (ngidak wiji dadi)
Ò  Mugi hangenipun nglampahi jejodowan enggala kaparingan cepak turuning wiji
Mijiki sukunipun ingkang kakung
Ò  Bektinipun wanita dhateng kakungipun
3. Dipupuki toya sekar
Ò  Githok
Ò  Tandha pitepangan priya lan wanita
4. Penganten estri lumampah satengening penganten kakung
Ò  Penganten putri jumeneng mlaku ing satengening mubeng medal wingking lajeng jejer ing sakiwanipun
Ò  Maknanipun pangaji-aji estri ingkang tansah ngurmati lan nengenaken ingkang kakung
5. Sikepan slindur
Ò  Slindur kasingkepaken ibu
Ò  Rama lan ibu lumampah wingkingipun manten kekalih
Ò  Maknanipun sampun purna anggenipun ngeteraken lare tumuju bebrayan agung



Tidak ada komentar:

Posting Komentar