Selasa, 05 Januari 2010

Paribasan, Bebasan, Saloka

Paribasan
unen-unen kang ajeg panganggone mawa tembung entar, ora ngandut surasa pepindhan
thuladha :
  • durung pecus keselak besus = durung sembada nanging pengene ora-ora
  • welas tanpa alis = mesakke tok ora isa ngopo-ngopo
  • ciriwanci ginawa mati = watak ora isa mari sakdurunge mati
Bebasan
unen-unen kang ajeg panganggone mawa tembung entar, ngemu surasa pepindhan
tuladha:
  • lahan karoban manis = dasar bocahe ayu kelakuane yo becik
  • ngudang siunge bethara kala = nyedaki bebaya
  • oleh itunge luput sunduke = ora jumbuh antarane itungan lan kenyataan
Saloka
unen-unen kang ajeg panganggone mawa tembung entar ngemu surasa pepindhan, nanging kang dipepindhan uwonge, banjur tembung kanggo pepindhane kewan utawa tanduran
tuladha:
  • gajah ngidak rapah = nerak guneme dhewe
  • gong lumaku tinabuh = wong kang kemudu dijaluki wuruk

kagem PAwiyatan BAsa JAwi
Akselerasi SMA N 1 Surakarta

3 komentar:

  1. Nuwun, keparenga kula atur rasa remen dhumateng tiyang-tiyang ingkang taksih tresna dhateng jawi.

    mugi panjenengan mampir wonten blog kula, kula punika taksih mbetahake saperangan pamanggih saking tiyang-tiyang kados panjenengan...

    sastra-jawa007.blogspot.com

    BalasHapus
  2. wah ... blog ingkang sae bu ... merdeka !!!

    BalasHapus
  3. matur nuwun, mugi keparengga asung sumbang saran kangge kula, amargi kula taksih cubluk bab kawigatosan basa jawa. Kamangka kula kedah dados dwija basa jawa

    BalasHapus