Kamis, 27 Mei 2010

cerita rakyat




1. Arjunawiwaha
  • diangiit tahun 1028-1035
  • ingkang nganggit Mpu Kanwa
carios punika nyritakake kramane arjuna karo 7 widodari.
Arjuna tapa ana gunung, widodari diutus dewa kon ngoda nangging arjuna ora kengguh. Betara Indra mudhun saka kayangan, memba-memba dadi wongtua nakoni Arjuna, bareng ngerti menawa arjuna temenan anggone tapa, Indra seneng. Neng donya ana ontran-ontran, kang digawe niwatakawaca. ora ana kang isa ngalahke, dewa-dewa utusan widodari kanggo ngerteni lenane Niwatakawaca, jebul lenane ana ngon ilate. nalika perang karo nguyu ngakak niwatakawaca dipanah ilate karo Arjuna, Niwatakawaca mati. Arjuna entuk bebunggah nikah karo 7 widodari, saben widodari dinikah sedina, sedina etungan kayangan pada karo sesasi wektu donya. neng kayangan sarwa keturutan nangging Arjuna ora gumbira amarga adoh karo sedulure, mula deweke ninggalke kayangan. Pas ninggalke suarga, Arjuna ditanggisi widodari-widodari
cerita Arjunawiwaha dadi mula bukane(awal) sastra jawa wetan(timur)
2. Arjuna wijaya
  • diangiit tahun 1365-1389
  • ingkang nganggit Mpu Tantular
Arjuna lagi plesir karo garwane, garwane kepengen nglangi neng kali nagging amarga kaline cethek banjur Arjuna njelma dadi dewa satus tangan trus bendung kali supaya isa kanggo nglanggi garwane. Rahwana/dasamuka kang lagi tapa ngrasa keganggu banjur padu karo Arjuna. Dasamuka kalah nangging sempat ngapusi garwane Arjuna menawa Arjuna wis mati, ngerti menawa Arjuna mati garwane bunuh diri. Arjuna mulih lan nemoni garwane mati, Arjuna pengen melu mati nanging dewa saka kayangan mudhun nguripke garwane Arjuna meneh.
3.Sutasoma
  • diangiit tahun 1365-1389
  • ingkang nganggit Mpu Tantular
carita iki nyritake laku uripe sutasoma. Sutasoma kang sejatine jelmaane Budha didawuhi ramane supaya dadi raja, nanging Sutasoma wegah, pilih mlayu saka keraton. sakjrone mlaku Sutasoma etemu musuh kang pjjer mangandeweke nangging Sutasoma kanthi ati resik seneng sedia dipangan ndadekeke musuh-musuhe pada tobat lan dadi murid Budha. lakune Sutasoma nganthi ketemu karo wanita kang dadi garwane, sakwise nikah Sutasoma kagungan putra. betara Kala nglumpuke raja cacah 100 arep dipangan, bareng wis nglumpuk satus betara kala ora kepengen mangan raja-raja kuwi sakdurunge mangan sutasoma. Sutasoma kanthi ikhlas mara menyang panggonane Betara Kala, Sutasoma gelem dipangan angger 100raja diculke, krungu omongane Sutasoma kang iklhas lan atine kang apik Betara Kala ora sida mangan Sutasoma lan 100 raja, Betara Kala tobat lan dadi murid Budha. nalika anake Sutasoma uwis dewasa, sutasoma mbacutke laku tapane nganthidadi Budha.
4. Smaradahana
  • diangiit tahun 1171-1185
  • ingkang nganggit Mpu Dharmaja
ceritane kama dijaluki tulung karo dewa Indra supaya gawe Siwa nresnani Uma garwane, amarga ing kayangan ana ontran-ontran kang ora bisa diadpi sakliyae anake Siwa. Kama kang peparab dewa cinta manah Siwa supaya tresna marang Uma nangging Siwa malah nesu nganthi Kama dipateni. Indra njaluk marang siwa supaya kama diuripke, kama urip nangging wujud roh. Ratih garwane Kamangerti kahanane banjur pati obong lan dadi roh. Kama mlebu neng Siwa Ratih mlebu neng Uma. Uma bobot lan nglairke anak kang raine gajah. Kayanganisa dislametke lan kama uga Ratih dadirohkang nitis marang pasangan kang bebojoan.
5. Ramayana
diangiit tahun 930
ingkang nganggit Mpu Valmiki/walmiki saka India, digubah sastrawa jawa kang jenenge Yogiswara
cerita ramayana nyritake lakune Rama lan Sita musuh Dasamuka

Tidak ada komentar:

Posting Komentar