Sabtu, 15 Agustus 2009

Nyemak Wara-Wara

Sakwise nyinau wulangan iki diajab kowe nduweni kabisan utawa kompetensi paham apa isine pengumuman lan isa mbiwarakake utawa nggethok tularake marang sapa bae kang magepokan karo isine pengumuman.
  • Pengumuman/ wara-wara yaiku informasi ngenani sawijine bab kang perlu disumurupi dening wong akeh utawa umum
  • Wara-wara handuweni sifat kang blak-blakan, migunakake tembung kang gampang dingerteni utawa dipahami.
manut saka sipate wara-wara kaperang dadi:

1. wara-wara kang sipate resmi
wara-wara kang digawe kanthi resmi dening instansi, organisasi utawa perkumpulan.

ciri-cirine:
  • migunakake tembung-tembung kang baku
  • nganggo ukara kang nduweni teges opo anane
  • ukara sing digunakake ora ngaya wara
  • paugerane
  • kop surat
  • tembung "wara-wara" ditulis kanthi eksplisit
  • nomer wara-wara ditulis sakngisore tembung wara-wara
  • isine : pambuka, isi, lan panutup
  • titi mangsa
  • Asma terang lan tapak asta penanggung jawabe wara-wara
2. wara-wara semi resmi

digawe pakumpulan utawa oraganisasi kanthi resmi nagging ora manut paugerane wara-wara kang resmi

3. wara-wara ora resmi

digawe dening sakwijining uwong.

(pawiyatan basa jawa SMAN 1 Surakarta)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar