Sabtu, 15 Agustus 2009

CRITA PENGALAMAN KANG LUCU

Nyritake pengalaman kuwi bakune sing diajak crita mudeng karo apa kang dicritake. menawa ceritane lucu melu nguyu menawa critane trenyuh yo melu sedih. Supaya mudengake crita kudu runtut lan mbabarake kedadean kanthi apa anane, tujuane wong liya kang ngrukokake bisa melu mbayangake kedadean kang wis kelakon ana ing critane mau.
Crita lucu isa kedadean saka nyekseni kedadean utawa angen-angen. lucu isa uga amarga gawe guyu utawa gawe gela. lucu amarga saka bodone, ketula-tula utawa tumindake kang ndadekake guyu.
  1. Manut teori superioritas-degradasi, wong rumangsa seneng lucu yen diunggulake nanging ora jumbuh karo kasunyatane
  2. Manut teori bisosiasi, tegese wong rumangsa lucu sakwise ngrumangsani ora gathuk antarane angen-angen karo kasunyatan
Nyritakake pengalaman kudu nduweni unsurr-unsur kaya
  • pengalaman apa kang bakal dicritake
  • wektu kedadean
  • papan panggonan kedadean pengalaman iku
  • wong-wong kang melu andil ana ing pengalaman
  • sebab-sebab pengalaman iku kedadean
  • kepriye pengalaman iku kedadean

(kanggo pawiyatan basa jawa SMA N 1 Surakarta)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar