Jumat, 26 November 2010

PARAGRAF

Narasi : Karangan kanggo nyritakake kedadean kanthi runtut kena kanggo nyritakake kedadean kang nyata, nanging uga kena kanggo nyritakake kedadean kang mung khayalan bae.
Urut-urutane nulis narasi yaiku
a. Nemtokake tema karangan
b. nemtokake tujuan karangan
c. Nglumpukake bahan-bahan karangan
d. Noto rantamaning karangan
e. Ngembangake rantamaning karangan
Deskripsi: Paragraf kang ngambarake objek kanthi tujuan supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewe objek kang digambarake. Tembung kang digawe cetha lan diperinci
Urut-urutan nulis paragraf deskripsi yaiku
a. Nemtokake tema kanthi netepake objek kang bakal ditulis
b. Nemtokake bates objek deskriptif
c. Observasi kanthi cermat lan tuntas
d. Ngawe tembung kanggo ngambarake kedadean kanthi cetha lan isa dibayangke marang wong kang maca
Eksposisi : Yaiku paragraf kang njlentrehake seluk beluk salah sawijining bab utawa masalah kanggo gawe cetha isa ditambahi grafik, fakta lan data. Tujuane supaya kang maca bisa njupuk informasi lan pengetahuan luwih gamblang
Ciri-ciri Paragraf Eksposisi
a. Migunakake pola pengembangan, umum tumuju khusus utawa suwalike
b. Momot Kalimat topik
c. Momot Kalimat rincian/penjelas
Jenise Pola Pengembangan
a. Pola Proses : Sawijining urutan saka tumindak-tumindak kanggo nyipta utawa ngasilake asil saka kedadeyan utawa prastawa
b. Pola Sebab-Akibat : Sebab tumindak minangka gagasan utama lan akibat minangka rincian pengembangane
c. Pola Ilustrasi : Ngandarake karepe penulis. Umume pengalaman pribadi dadi bahan ilustrasi kang paling efektif kanggo njlentrehake.
Argumentasi : Paragraf kang mratelakake alesan, tuladha lan bukti kang kuat lan bisa gawe yakine wong kang maca. Tujuane kanggo gawe yakine wong kang maca saengga bisa mbenerake panemu lan keyakinane pangripta.
Persuasi: Paragraf kang handuweni tujuan kanggo mengaruhi mbujuk, ngajak utawa ngrayu wong kang maca saengga melu apa kang dadi gegayuhane pangripta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar