Selasa, 06 Oktober 2009

Subasitaning Telepon

Manungsa yaiku makhluk sosial, tumindak kang penting yaiku nindakake tumindak sosial, yaiku sawijining panggonan kanggo ijol-ijolan pengalaman, padha njlentrehake lan nampa pikiran, padha njlentrehake rasa pangrasa, utawa padha nuduhake sarta nyetujoni sawijine panemu utawa keyakinan.Mula saka iku sajrone tindakan sosial kudu ana perangan-perangan kang umum.
Kanggo ngubungake antarane anggota masyarakat iku dibutuhake komunikasi. akeh banget cara komunikasi, bisa lumantar lesan utawa tulis. Lumantar tulis isa arupa layang, e-mail, FB, Blog, sms lansapanunggale. Lumantar lesan bisa awujud rembugan, wawan rembug, uga micara ing telepon.
Zaman saiki telepon dadi barang kang lumrah lan dinduweni kabeh pawongan, nangging ojo dilalekake tatakrama sakjrone nelpon utamane nalika nelpon marang wong kang kinurmatan kaya bapak ibu neng ndalem, bapak ibu guru, utawa rikala nampa telepon saka wong liya. Tata carane wong nilpun kang becik antarane yaiku:
  • ngucapake salam
  • takon apa bener nomer kang kokhubungi kewi mau ora kleru
  • blaka arep rembugan karo sapa
  • nyethakake kebutuhane anggone nelpun
  • rembugan kang prasaja wae, sakcukupe
  • nutup rembug kanthi basa kang becik, bisa dipungkasi nganggo salam maneh
Tata carane wong nampa telpon
  • njawab salam
  • njawab kanthi alus, cetha, lan nganggo basa kang kepenak
  • menawa kang digoleki ora ana coba ditakoki titip pesen opa ora
  • menawa pas sibuk ngomon menawa saguh nelpon balik
  • pawiyatan basa jawi
  • SMA Negeri 1 Surakarta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar