Selasa, 22 November 2011

CERITA CEKAK

(CERKAK) cerita cekak yaiku karangan cekak kkang awujud gancaran, kurang saka sepuluhewu tembung kang menehi kesan tunggal lan musatake crita ing salah sawijining paraga. Struktur cerita cerkak 1. Tema ide dasar cerita 2. Alur (plot) Wujud pola pengembangan kang kabentuk saka hubungan sebab akibat. Perangan Alur: a. Eksposition Pengenalan bab situasi utawa kahanan cerita Ana bab iki, pengarang nepungake paraga, nata adegan lan hubungan paragane b. Complication Panjlentrehane kedadean Kedadean wiwitan kang dadi sumbering masalah kanggo paragane c. Rising Action Nuju ana ing konflik Masalah kang dilakoni, paraga saya tambah d. Turning Point (klimaks) Pucuking Konflik Nasib paraga ditentokake kasil orane e. Ending rerampungan Nasib paraga wis cetha utawa rampung 3. Latar Papan panggonan, hubungan wektu lan lingkungan social saka kedadean kang dicritakake ing crita Jenising latar a. Latar panggonan Papan kang dadi panggonan nalika kedadean ana ing crita dicritakake b. Latar Wektu Wektu nalika kedadean ana ing crita dicritakake c. Latar kahanan Kahanan lingkungan social nalika kedadean ana ing crita dicritake 4. Penokohan carane pengarang nggambarake lan njlentrehake karakter paraga ana ing crita. Teknik kang dienggo yaiku : a. Teknik Analitik Karakter utawa watak tokoh dijlentrehake kanthi langsung b. Teknik Dramatik pengambaran bab fisik lan tindak-tanduk pengambaran bab lingkungan kauripan paraga pengambaran tata basane paraga pengambaran dalan pikirane tokoh pengambaran dalan pikirane tokoh pengambaran dening tokoh liyane 5. Sudut pandang Posisi pengarang nalika nyritakake cerita. Ana 2 jenis a. wong kapisan = pangripta dadi paraga utama b. wong katelu = pangripta dadi paraga katelu 6. Amanat Ajaran moral didaktis kang bakal disampekake/ dijlentrehake pengarang marang wong kang maca 7. Gaya bahasa Basa ana ing crita nduweni kagunanaan kanggo nyiptakake kahanan persuasive uga ngrumusake dialog kang bisa ngetokake habungan lan interaksi tokoh siji lan sijine