Jumat, 26 November 2010

PARAGRAF

Narasi : Karangan kanggo nyritakake kedadean kanthi runtut kena kanggo nyritakake kedadean kang nyata, nanging uga kena kanggo nyritakake kedadean kang mung khayalan bae.
Urut-urutane nulis narasi yaiku
a. Nemtokake tema karangan
b. nemtokake tujuan karangan
c. Nglumpukake bahan-bahan karangan
d. Noto rantamaning karangan
e. Ngembangake rantamaning karangan
Deskripsi: Paragraf kang ngambarake objek kanthi tujuan supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewe objek kang digambarake. Tembung kang digawe cetha lan diperinci
Urut-urutan nulis paragraf deskripsi yaiku
a. Nemtokake tema kanthi netepake objek kang bakal ditulis
b. Nemtokake bates objek deskriptif
c. Observasi kanthi cermat lan tuntas
d. Ngawe tembung kanggo ngambarake kedadean kanthi cetha lan isa dibayangke marang wong kang maca
Eksposisi : Yaiku paragraf kang njlentrehake seluk beluk salah sawijining bab utawa masalah kanggo gawe cetha isa ditambahi grafik, fakta lan data. Tujuane supaya kang maca bisa njupuk informasi lan pengetahuan luwih gamblang
Ciri-ciri Paragraf Eksposisi
a. Migunakake pola pengembangan, umum tumuju khusus utawa suwalike
b. Momot Kalimat topik
c. Momot Kalimat rincian/penjelas
Jenise Pola Pengembangan
a. Pola Proses : Sawijining urutan saka tumindak-tumindak kanggo nyipta utawa ngasilake asil saka kedadeyan utawa prastawa
b. Pola Sebab-Akibat : Sebab tumindak minangka gagasan utama lan akibat minangka rincian pengembangane
c. Pola Ilustrasi : Ngandarake karepe penulis. Umume pengalaman pribadi dadi bahan ilustrasi kang paling efektif kanggo njlentrehake.
Argumentasi : Paragraf kang mratelakake alesan, tuladha lan bukti kang kuat lan bisa gawe yakine wong kang maca. Tujuane kanggo gawe yakine wong kang maca saengga bisa mbenerake panemu lan keyakinane pangripta.
Persuasi: Paragraf kang handuweni tujuan kanggo mengaruhi mbujuk, ngajak utawa ngrayu wong kang maca saengga melu apa kang dadi gegayuhane pangripta

Kamis, 25 November 2010

Purwakanthi

Purwakanthi yaiku swara kang runtut
Purwakanthi kaperang dadi 3
1. Purwakanthi Guru Swara : Suarane dibolan-baleni
Tuladha : Ana awan ana pangan
Becik ketitik ala ketara
Thenguk-thenguk nemu gethuk
Inggah-inggih ora kepanggih
2. Purwakanthi Guru Sastra : Aksarane dibolan-baleni
Tuladha : Bibit, Bobot, Bebet
Sapa salah, bakal seleh
Sluman, slumun, slamet
Tatag, teteg bakal tutug
3. Purwakanthi Lumaksita: Tembung sing keri dibaleni ing frase mburine
Tuladha : Asung bekti, bektine kawula marang gusti
Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik
Mangan ati, atine sing kelara-lara
Raja putra, putrane dalem Astina

Macapat 1

Macapat nduweni teges seneng maca kanthi kepenak kebak ing pangrasa.
tembang macapat nduweni watak kanggo ngambarake manungsa
watak tembang macapat kasebut yaiku:
1. Mijil : Gandrung utawa prihatin anggone golek ilmu
2. Maskumambang : nelangsa, prihatin, karanta-ranta
3. Sinom :Grapyak, renyah lan sumanah
4. Gambuh : Wani wanuh, kulina, lan rumaket
5. Asmaradana : sedhih, sengsem lan sumanah
6. Kinanthi: seneng, tresna lan asih
7. Dhandhanggula : Kenes, luwes lan resep
8. Durma : Galak, nantang, nesu, muntab
9. Pangkur : Sereng, kejem, nantang
10. Megatruh : Sedhih, memelas, getun, prihatin
11. Pocung : Kendho, sembrana parikena
Paugeran Tembang Macapat
Pupuh : Dumadi saka pirang-pirang pada kang nunggal sak crita
Pada : Cacahe tembung macapat saben saklagu, saka wiwitan nganti pungkasan
Guru Gatra: cacahe gatra utawa larik satembang ing tembang macapat
Guru Wilangan : Cacahe Wanda saben sagatra ana ing tembang macapat
Guru lagu/ Dhong-dhing : Tibaning swara ana pungkasaning gatra ing tembang macapat