Selasa, 05 Januari 2010

Paribasan, Bebasan, Saloka

Paribasan
unen-unen kang ajeg panganggone mawa tembung entar, ora ngandut surasa pepindhan
thuladha :
  • durung pecus keselak besus = durung sembada nanging pengene ora-ora
  • welas tanpa alis = mesakke tok ora isa ngopo-ngopo
  • ciriwanci ginawa mati = watak ora isa mari sakdurunge mati
Bebasan
unen-unen kang ajeg panganggone mawa tembung entar, ngemu surasa pepindhan
tuladha:
  • lahan karoban manis = dasar bocahe ayu kelakuane yo becik
  • ngudang siunge bethara kala = nyedaki bebaya
  • oleh itunge luput sunduke = ora jumbuh antarane itungan lan kenyataan
Saloka
unen-unen kang ajeg panganggone mawa tembung entar ngemu surasa pepindhan, nanging kang dipepindhan uwonge, banjur tembung kanggo pepindhane kewan utawa tanduran
tuladha:
  • gajah ngidak rapah = nerak guneme dhewe
  • gong lumaku tinabuh = wong kang kemudu dijaluki wuruk

kagem PAwiyatan BAsa JAwi
Akselerasi SMA N 1 Surakarta

MACAPAT

Tembang Asmaradana
  • watake: Sedih, kangen, kingkin
  • gunane: kanggo medharake rasa sedhih, kangen, mesra
  • 8i,8a,8e,8a,7a,8u,8a
Sekar Dhandhanggula
  • Watake: kanggo medharake swasana apa bae
  • gunane: kanggo medharake swasana aba bae
  • 10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a
Tembang Pangkur
  • watake: gagah prawira, greged
  • gunane: Paring pitutur kang mawa semangat, nggambarake tresna kang makantar-kantar, utawa swasana perang
  • 8a,11i,8u,7a,12u,8a,8i
Tembang Maskumambang
  • Watake: Susah, sedih, trenyuh, kelara-lara
  • gunane : Ngambarake rasa sedih, trenyuh, kelara-lara
  • 12i,6a,81,8a
Sekar Megatruh
  • watake: Susah,sedih, karanta-ranta. gela
  • gunane: Nggambarake rasa sedhih, karanta-ranta gela
  • 12u,8i,8u,8i,8o
Tembang Pocung
  • watake: sakpenake
  • gunane: Medharake rasa sakpenake, katon kurang temenan
  • 12u,6a,8i,12a
kagem pawiyatan Basa Jawi
Akselerasi SMAN 1 Surakarta